GU2N'5

My blogs

About me

Gender Male
Location TIRTA GANDA ARUM, JAWA TIMUR, Indonesia
Introduction Lamunanku kasawab sabda Sasmita mau dadi nyata Prasetya dadi anti Antine manunggal karti Sulaksana kaya wus karya Gya dadi wekasanira Padmakarta yogya wasana Ngulat wreksa gana margana
Interests Pitudúh : # 1 Pangéran Kang Måhå Kuwåså (Gusti Allah, Tuhan) iku siji, angliputi ing nsíng nganakaké jagad iki saisiné, dadi sêsêmbahan wóng saalam donyå kabèh, panêmbahan nganggo carané dhéwé-dhéwé. Pitudúh : # 2 Pangéran Kang Måhå Kuwåså iku anglimput ånå ing ngêndi papan, anèng sira ugå ånå Pangéran (maksudé : tajaliné Kang Múrbèng Dumadi). Pitudúh : # 3 Pangéran iki Måhå Kuwåså, pêpêsthèn såkå karsaning Pangéran ora ånå síng biså murúngaké. Pitudúh : # 4 Pangéran iku nitahaké sirå lantaran båpå lan biyúngirå, mulå kudu sirå ngurmati marang båpå lan biyúngirå. Pitudúh : # 5 Ing donyå iki ånå róng warnå síng diarani bêbênêr, yakuwi bênêr mungguhíng Pangéran lan bênêr såkå kang lagi kuwåså. Pitudúh : # 6 Kêtêmu Gusti (Pangéran) iku lamún sira tansah élíng. Pitudúh : # 7 Cåkrå manggilingan (uríp iku ibaraté rodhå kang tansah mubêng). Pitudúh : # 8 Åjå sirå wani-wani ngaku Pangéran, sênadyan kawrúhira wís tumêka "Ngadêg Sarirå Tunggal" utåwå bisa mêngêrtèni "Manunggaling Kawulå Gusti".
Favorite Movies Pitudúh : # 38 Ålå lan bêcík iku dumunúng ånå awaké dhéwé, mélík nggéndhóng lali, ngundhúh wóhíng pakarti. Pitudúh : # 39 Síng såpå lali marang kabêcikan liyan, iku kåyå kéwan. Pitudúh : # 40 Ajiníng dhiri iku dumunúng ånå ing lathi lan budi. Pitudúh : # 41 Yitnå yuwånå, lénå kênå. Pitudúh : # 42 Ålå kêtårå, bêcík kêtitík. Pitudúh : # 43 Klabang iku wisané ånå ing capité. Kålåjêngkíng wisané múng ånå pucúk buntút (êntúp). Yèn ulå mung dumunúng ånå untuné ulå kang duwé wiså. Nangíng yèn durjånå wisané dumunúng ånå ing sakujúr badan. Pitudúh : # 44 Rawé-rawé rantas, malang-malang putúng. Pitudúh : # 45 Mumpúng ênóm ngudiyå laku utåmå. Pitudúh : # 46 Síng prasåjå, pêrcåyå marang dhiri pribadi. Pitudúh : # 47 Ngèlmu pari, såyå isi såyå tumungkúl. Pitudúh : # 48 Wóng mati iku bandhané ora digåwå. Pitudúh : # 49 Wóng iku kudu ngudi kabêcikan, jalaran kabêcikan iku sanguníng uríp. Pitudúh : # 50 Wóng kang ora gêlêm ngudi kabêcikan iku prasasat sétan. Pitudúh : # 51 Wóng linuwíh iku ambêg wêlasan lan sugíh pangapurå. Pitudúh : # 52 Pêrang tumrap awaké dhéwé iku pambudidåyå murih bisa mèpèr håwå nêpsu. Pitudúh : # 53 Ngèlmu iku kêlakóné kanthi laku, sênajan akèh ngèlmuné lamún ora ditangkaraké lan ora digunakaké, ngèlmu iku tanpå gunå. Pitudúh : # 54 Turutên pituturé wóng tuwå. Pitudúh : # 55 Wóng kang ora wêrúh tåtåkråmå udånagårå (unggah-ungguh), iku pådhå karo ora biså ngrasakaké råså nêm warnå (lêgi, kêcút, asín, pêdhês, sêpêt, lan pait). Pitudúh : # 56 Wóng pintêr nangíng ålå tumindaké, sênêngé karo wóng ålå. Pitudúh : # 57 Wóng linuwíh iku kudu biså ngêpèk ati lan ngêpénakaké atiné liyan. Yèn kumpúl karo mitrå kudu
Favorite Music biså ngêtrapaké têmbúng kang manís kang pêdhês, sêpêt, bisa gawé sênêngíng ati. Yèn kumpúl pandhitå kudu biså ngómóngaké têmbúng kang bêcík. Yèn ånå sangarêpíng mungsúh kudu biså ngatónaké kuwåså pangaribåwå kaluwihané. Wêwalêr : # 58 Åjå panastèn lan åjå sênêng gawé gêndrå, jalaran gawé gêndrå iku sipatíng dhêmít. Wêwalêr : # 59 Åjå sênêng yèn dèn alêm, åjå sêngit yèn dèn cacad. Wêwalêr : # 60 Åjå lali piwulang bêcík.Pitudúh : # 61 Bångså iku minångkå sarånå kuwatíng nagårå, mula åjå nglírwakaké kabangsanirå pribadi supåyå antúk kanugrahan adêgíng bangsa kang "Andånå Waríh" Pitudúh : # 62 Nêgårå iku ora gunå lamún ora duwé anggêr-anggêr minångkå pikukuhíng nêgårå kang adhêdhasar isi kalbuné mênungså salumahíng nêgårå kuwi. Pitudúh : # 63 Kang bêcík iku lamún ngêrti anané sêsantiné ngabdi bêbrayan agúng : "Ing Ngarså Asúng Tulådhå, Ing Madyå Amangún Karså, Tút Wuri Handayani". Pitudúh : # 64 Nêgårå kita biså têntrêm lamún murah sandhang klawan pangan, margå pårå kawulå pådhå sênêng nyambút gawé, lan ånå panguwåså kang darbé watak "Bêr budi båwå laksånå”. Pitudúh : # 65 Wadyåbålå pamóng pråjå kang sênêng marang kawulå alít iku dadi sênêngané pårå kawulå sajroníng pråjå lan bisa gawé kukúh sartå dadi tamèngíng nagårå. Pitudúh : # 66 Pårå mudhå åjå ngungkúraké ngudi kawrúh kang nyåtå amríh biså kinaryå kuwatíng nagårå, unggulíng bångså, lan biså gawé rahayuníng sasåmå. Pitudúh : # 67 Panguwåså pamóngé nêgårå iku kudu biså gawé têntrêm pårå kawulané, amargå yèn ora mangkono biså kadadéyan pårå kawulå ngrêbút panguwasaníng nêgårå. Pitudúh : # 68 Nêgårå kuwat iku margå kawulané sênêng uripé lan disujudi déníng liyå nêgårå. Pitudúh : # 69 Lamún sirå dadi wadyåbålå pamóngíng nagårå, åjå sirå dhêmên kuwåså dhéwé. Jalaran yèn sirå wís ora kasinungan panguwåså manèh, ing têmbé bakal ndadèkaké ora kajèníng awakirå ing têngahíng bêbrayan. Ngélingånå yèn sêjatiné isíh ånå wóng kang biså ngalahaké sirå ing babakan åpå baé.
Favorite Books Pêrang iku bêcík lamún tujuwané nggayúh kamardikaníng nagårå lan bangsané, lan pêrang iku ålå lamún kanggo njarah rayah darbèkíng liyan. Pitudúh : # 73 Wóng ålå yèn bisa kuwåså, kang ålå iku diarani bêcík. Kósókbaliné yèn wóng bêcík kang kuwasa, kang bêcík iku kang ditindakaké. Pitudúh : # 74 Wajibíng warganíng nagårå iku kudu biså rumångså mèlu handarbèni, wajíb mèlu hanggóndhèli. Mulat sarirå hangråså wani. Wêwalêr : # 75 Åjå sênêng yèn lagi darbé panguwåså, sêrík yèn lagi ora darbé panguwåså. jalaran kuwi-kuwi ånå bêbêndhuné dhéwé-dhéwé. Wêwalêr : # 76 Åjå múng kêpingín mênangé dhéwé kang biså marèkaké crahíng nagårå lan bångså, kudu sênêng rêrêmbugan njågå katêntrêman lahír batín.Pitudúh : # 77 Båpå biyúng iku minångkå lantaran uríp ing ngalam donyå. Pitudúh : # 78 Síng såpå lali marang wóng tuwané prêsasat lali marang Pangérané, Ngabêktiyå marang wóng tuwå. Pitudúh : # 79 Wóng tuwå kang ora ngudi kabêcikan sartå ora ngêrti marang udånagårå (trapsilå, unggah-ungguh) lan tåtå kråmå, kuwi sêjatiné dudu panutané putrå wayah. Pitudúh : # 80 Såpå síng sênêng uríp têtanggan, kalêbu janmå linuwíh. Tånggå iku pêrlu dicêdaki nanging åjå ditrêsnani. Pitudúh : # 81 Paribasané tånggå iku pådhå karo båpå biyúng. Pitudúh : # 82 Tånggå kang ora bêcík atiné åjå dicêdhaki nangíng åjå dimungsuhi. Pitudúh : # 83 Sadumuk bathúk sanyari bumi ditóh pati. (Unèn-unèn kanggo nggambaraké kasêtyané marang kulåwargå). Pitudúh : # 84 Mikul dhuwúr mêndhêm jêro. (Unèn-unèn kanggo nggambaraké bêktiné anak marang wóng tuwåné). Pitudúh : # 85 Anak iku minångkå têrusané wóng tuwå, ora ånå katrêsnan kang ngluwihi katrêsnané wóng tuwå marang anak. Pitudúh : # 86 Trêsnå marang mantu iku pådhå baé trêsnå marang putrå, jalaran putu iku wóhíng katrêsnané putrå lan mantu. Pitudúh : # 87 Sayojånå iku dóhé sêpulúh èwu dhêpå. Swårå kang krungu nganti sayojånå, arumíng jênêng ngambar-ambar salumahíng bumi (dialêmbånå). Pitudúh : # 88 Gólèk jodho åjå múng mburu éndahíng warnå, sênajan ayu utåwå bagús.